Sejarah Kesenian Kethoprak dalam Bahasa Jawa

Sejarah Kesenian Kethoprak dalam Bahasa Jawa - Hallo sahabat Share, Pada Artikel yang anda baca kali ini dengan judul Sejarah Kesenian Kethoprak dalam Bahasa Jawa. Mudah-mudahan isi postingan Artikel Artikel, Artikel belum, Artikel Kesenian, yang kami tulis ini dapat anda pahami. baiklah, selamat membaca.

Baca juga



1. Pengertian kethoprak

Kethoprak yoiku salah sijine jenis pagelaran kang asale saka Jawa. Jroning pagelaran kethoprak, sandiwara kang diselingi tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan kasuguhake.

Lumrahe, crita kang diangkat njroning pagelaran kethoprak ana maneka werna-werna jinise. Ana sing dijupuk saka crita sejarah Jawa, legenda, utawa saka crita manca nagara. Nanging genahe crita kang dibabar ora bakal njupuk saka wiracaritaRamayanalanMahabharata. Sebab, pagelarane malih dudu kethoprak nanging dadi wayang wong.

Sawetara taun kapungkur, crita kethoprak akeh dibabar ing layar TV. Ana sing arupa kethoprakklasik,yaikupagelaran kethoprak kang dibabar ing panggung kanthi beber kang winates. Sabanjure uga ana kethoprak sayembara, yaiku kethoprak kang dibabar ing TV kanthi beber alam lan swasana ing njaban gedhung. Becike maneh, sabenepisode, mesthi dipungkasi kanthi sayembara kang nyedhiyani hadhiah mirunggan kanggo milut lan nggeret kawigatene pamirsane.

“Jaman mbiyen kuwi tau disiyarke ing TV, kethoprak sayembara. Kuwi dadi tontonan wajib wong sakkampung. Saliyane critane apik,shooting-e ya neng njaba, ora neng ndhuwur panggung kaya saumume kethoprak. Dadine ora mboseni. Apa maneh ana sayembarane barang,” critane Daryanti, 42, warga Pajang, nalika ditemoni ing daleme, Selasa (14/2).

Ing ngrembakane jaman, uga metu panglipur kang uga ngusung kethoprak. Nanging kethoprak jinis iki akeh dibumboni dhagelan utawa guyonan, mula diarani kethoprak humor. Para paragane uga para dhagelan kondhang ing jagad kasenian humor.

Sawetara sumber nyebutake kasenian kethoprak antuk kalungguhan kang mirunggan jroning masyarakat Jawa, mligine wong cilik. Sebab njroning kethoprak iku seni sandiwara, musik lan sastra dibabar bebarengan. Kasenian kethoprak iki tuwuh ngrembaka ing Ngayogjakarta lan Jawa Tengah, sarta saperangan dhaerah Jawa Timur. Jaman mbiyen kethoprak dadi panglipure masarakat.

Dene sawetara lakon kethoprak kang kondhang ing antarane yaikuArya Penangsang Warok Suramenggala, Abdul Semararupi, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana, Andhe-andhe lumut, Anglingdarma, Rara Mendut-Pranacitra, Damar Wulan, lan sapiturute. Nanging kadhang kala ya ana sing ngangkat crita saka manca nagara, upamaneSampek-Ingtay.

Sanajan ngandhut piwulang budaya Jawa, kasunyatane ing ngrembakane jaman, kasenian kethoprak rada dikiwakake dening masarakate. Mligine generasi mudha saiki akeh sing ora pati dunung marang kasenian kethoprak. Apa maneh gelem nresnani kasenian iki.

NalikaEsposnyoba nonton pagelaran kethoprak ing Gedhung Kasenian Balekambang, sawetara kalodhangan, ketara yen pamirsane kethoprak iku rata-rata wong tuwa. Kuwi wae kursi kang disedhiyani isih akeh sing kosong mlompong. “Saben malem Minggu ya ngene iki. Kajaba yen lagi ana adicara utawa lomba, mesthi bisa kebak pamirsa,” ujare Arif, salah sijine pamirsa saka Purwosari

2. Sajarah

Kethoprak wiwit bebukané awujud dedolanan para priya ing dhusunsing lagi nganaaké lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembé kaéring tembang bebarengan ing kampung kanggo lelipur. Saterusé ana tambahan kendhang, terbang, lan suling. Mula wiwit iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887-an. Banjur ana ing tahun 1909 wiwitan dianakaké pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.

Pagelaran Kethoprak wiwitan sing resmi ing ngarepé masyarakat/umum, yaiku Kethoprak Wreksotomo, dipandhegani dening Ki Wisangkoro, sing mandhegani kabeh kakung. Carita sing dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.

Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike uga dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sawise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

3. Jenis

Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakne mengkene :

  • Kothékan Lesung : yoiku, awujud awal mulané Kethoprak lan dadi winih ing tembé mburi dadi pagelaran Kethoprak.
  • Kethoprak Lesung Wiwitan : yoiku, wiwitane saka kothekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripané para tani .
  • Kethoprak Lesung : yoiku, amujudaké pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kayata kendhang, suling, terbang lan lesung. Iki sing bakal dadi laire pagelaran Kethoprak.
  • Kethoprak Gamelan :yoiku, wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
  • Kethoprak Gamelan Pendhopo : yoiku, carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprené . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yoiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing ' Pendopo').
  • Kethoprak Panggung : yoiku pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang dipagelarake ana ing panggung kanthi carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ("Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).

Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ono ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , uga kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan crita digawé luwih apik lan ditindakake kanthi teges lan tinemen. Tuladha mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

4. Isi carita

Rupa-warna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad,legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunakake swasana Indonesia, tuladhane karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi crita Menak, Panji Asmarabangun, Klana Sewandana crita Panji, Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.

Carita kelangenan masyarakat bisa awujud carita pahlawanan, paperangan, carita nglempengake kabecikan adate ing pungkasan crita sing tumindake becik, jujur bakal entuk kamenangan.

Ageman para nayaga pemain dipadakake karo crita kang dipagélarake. Biasane ngangge ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogjakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging uga ana ageman kang awujud simbolis ,umpamane Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemmn pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebut "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang  wonguga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.

Uga ana ageman kasebut basahan, yoiku ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki adate ana ing carita Menak jinggo utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.

Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.

Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedakake adegan siji lan sijine.

5. Perangkat pengiring

Kendang, saron, ketuk, kenong, kempullan gongbumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep adate nganggo sulingutawa terbang. kanthi tambahankeprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden(waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.

Senadyan sing dianggo basa Jawa, nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.


Saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan. Mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane. Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu. Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.

Tembung "pradangga", miturut Leksikon/Kamus Bausastra Jawa anggitane Poerwodarminta tahun 1939,iku tegese "gamelan" dudu penabuh gamelan. Yen penabuh gamelan kuwi disebut "niyaga".

Demikian Artikel tentang Sejarah Kesenian Kethoprak dalam Bahasa Jawa

Mudah-mudahan bisa memberi manfaat untuk anda semua. baiklah, sampai jumpa di postingan artikel lainnya.

Anda sekarang membaca artikel Sejarah Kesenian Kethoprak dalam Bahasa Jawa dengan alamat link https://share-it96.blogspot.com/2017/07/sejaran-kesenian-kethoprak.html

1 Response to "Sejarah Kesenian Kethoprak dalam Bahasa Jawa"

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel